BAGEAN 6
Air Bah—Apa Hikmahe?
Gusti Allah mbasmi wong jahat, tapi nylametna nabi Nuh lan kluwargane. Purwaning Dumadi 7:11, 12, 23
Kaya sing Gusti Allah omongna, akhire ana udan deres suwene 40 dina 40 wengi. Sampek bumi dikebheki banyu lan akhire wong-wong jahat mati kabeh.
Malaekat-malaekat sing nyamar dadi manungsa, mbalik nang swarga dadi dedemit.
Sing ana nang njerone bahtera slamet kabeh. Masia nabi Nuh lan kluwargane mati, Gusti Allah isa nguripna maneh. Mbesuk nabi Nuh lan kluwargane isa urip sak teruse.
Padha karo jaman nabi Nuh, mbesuk Gusti Allah bakal mbasmi wong jahat lan nylametna wong apik. Mateus 24:37-39
Setan lan malaekat jahat liyane terus ngrusak klakuane wong-wong.
Padha karo jamane nabi Nuh, saiki akeh wong sing ora gelem ngrungokna tuntunane Gusti Allah sing welas asih. Sediluk maneh Gusti Allah bakal mbasmi wong-wong sing jahat. —2 Petrus 2:5, 6.
Tapi jaman saiki ana sing kaya nabi Nuh, gelem ngrungokna lan manut karo Gusti Allah, yaiku Seksi-Seksi Yehuwah.