BAGEAN 9
Kapan Bumi Bakal Dadi Firdaus?
Akeh kasusahan sing kedaden mbuktina lek Kratone Gusti Allah bakal teka. Lukas 21:10, 11; 2 Timoteus 3:1-5
Akeh ramalane Kitab Suci sing wis kedaden. Contone wong mata duiten, nglawan karo wong tuwa, ngamukan, lan penggaweane seneng-seneng.
Bakal ana lindhu gedhe, perang, akeh wong kluwen, lan akeh wong padha lara. Iku kabeh wis kedaden.
Nabi Isa ya ngomong, lek kabar apik bakal disiarna ing donya iki.—Mateus 24:14.
Kratone Gusti Allah bakal nyingkirna kabeh wong jahat. 2 Petrus 3:13
Gusti Yehuwah bakal nyingkirna kabeh wong jahat.
Setan lan dedemit bakal diukum.
Wong-wong sing ngrungokna Gusti Allah bakal slamet lan mlebu ing donya anyar. Wong-wong iku bakal isa percaya lan sayang nang sedulure kabeh.