- 
	                        
            
            1 Para Raja 18:38, 39Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
38 Terus, Yéhuwah nyebabké ana geni saka langit sing ngobong nganti entèk persembahan bakaran,+ tumpukan kayu, watu-watu, lan lemah sing ana ing kana. Banyu sing ana ing kalèn* kuwi ya entèk kena geni.+ 39 Pas ndelok kuwi, kabèh wong padha sujud lan kandha, ”Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener.”
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            2 Babad 7:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
3 Kabèh wong Israèl ndelok pas geni mudhun lan kemuliaané Yéhuwah ana ing ndhuwuré omah kuwi, lan wong-wong kuwi padha sujud ing lantai karo ngucap syukur marang Yéhuwah, ”merga Dhèwèké apikan lan katresnané* ana saklawasé”.
 
 -