- 
	                        
            
            Pangentasan 8:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
7 Ning, para ahli ilmu gaib ya isa nggawé mukjijat sing padha. Wong-wong kuwi nggawé kodhok padha metu lan nyerbu tanah Mesir.+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Pangandharing Torèt 18:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
10 Ing antaramu aja nganti ana wong sing ngobong anaké lanang utawa wédok,+ wong sing ngramal,+ dhukun, wong sing nggunakké ilmu gaib+ kanggo nggolèk tandha,+ ahli ilmu gaib,+ 11 wong sing nggunakké guna-guna marang wong liya, wong sing takon karo dhukun sing ngundang* arwah+ utawa wong sing isa ndelok masa depan,+ lan wong sing takon karo wong mati.+ 12 Yéhuwah jijik karo sapa waé sing nindakké kuwi. Bangsa-bangsa kuwi diusir saka ngarepmu merga nindakké sing disengiti Yéhuwah Gusti Allahmu.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Wahyu 21:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
8 Ning wong sing ora kendel, sing ora nduwé iman,+ sing najis lan njijiki, sing seneng matèni,+ sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ sing nindakké spiritisme,* sing nyembah brahala, lan kabèh wong sing seneng ngapusi+ bakal diuncalké ing danau geni lan belérang sing geniné murub.+ Iki artiné kematian sing keloro.”+
 
 -