- 
	                        
            
            Kaimaman 8:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
15 Musa mbelèh sapi kuwi, terus drijiné dicelupké ing getihé+ sapi kuwi. Getih kuwi diolèské ing sungu-sungu sing ana ing mézbah supaya mézbah kuwi dadi murni, ning sisa getihé diesokké ing bagéan ngisor mézbah. Kuwi kabèh ditindakké bèn mézbah kuwi dadi suci lan murni.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Kaimaman 9:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
8 Harun langsung nyedhak ing mézbah lan mbelèh sapi enom siji dadi persembahan dosa kanggo dhèwèké dhéwé.+ 9 Bar kuwi, anak-anaké lanang Harun mènèhké getihé+ sapi enom kuwi marang Harun. Harun nyelupké drijiné ing getih kuwi lan ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah. Sisa getihé diesokké ing bagéan ngisor mézbah kuwi.+
 
 -