- 
	                        
            
            1 Para Raja 13:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
2 Terus, abdiné Gusti Allah kuwi mbengok marang mézbah kaya sing dipréntahké Yéhuwah, ”Hé mézbah, mézbah! Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Anak lanang sing jenengé Yosia+ bakal lair saka keturunané Daud. Ing ndhuwurmu, dhèwèké bakal ngorbanké para imam sing ditugaské ing panggonan-panggonan dhuwur, yaiku wong-wong sing nggawé asap korban. Dhèwèké bakal ngobong balung-balungé manungsa ing ndhuwurmu.’”+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            2 Para Raja 23:8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
8 Terus, dhèwèké nggawa kabèh imam metu saka kutha-kutha Yéhuda bèn isa nggawé panggonan-panggonan dhuwur* dadi najis, saka Géba+ nganti Béèr-syéba,+ yaiku panggonan sing digunakké para imam kuwi kanggo nggawé asap korban. Dhèwèké ya ngambrukké panggonan-panggonan dhuwur ing gerbang Yosua pemimpin kutha kuwi, sing ana ing sisih kiwa wektu wong-wong mlebu gerbang kutha.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Yèhèzkièl 6:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
5 Aku bakal nguncalké mayaté wong Israèl ing ngarepé brahalané sing njijiki. Aku bakal nyebar balung-balungmu ing sak ubengé mézbahmu.+
 
 -