- 
	                        
            
            Pangentasan 29:27, 28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
27 Bagéan-bagéan saka domba lanang sing dikorbanké kanggo nglantik Harun lan anak-anaké dadi imam+ kudu mbok gawé suci, yaiku bagéan dhadha saka domba sing dikorbanké dadi persembahan sing diayun-ayun lan sikilé domba sing dadi persembahan suci kuwi. 28 Kuwi bagéan sing suci lan kudu dadi duwèké Harun lan anak-anaké. Wong Israèl kudu manut karo peraturan kuwi nganti sakterusé. Kuwi bakal dadi bagéan sing suci saka korban kerukunan+ sing kudu diwènèhké wong Israèl+ marang Yéhuwah.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Pangandharing Torèt 18:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
3 ”Saka persembahané wong Israèl, iki sing bakal dadi haké para imam: Wong sing mènèhi korban, embuh kuwi sapi utawa domba, kudu mènèhké pupu ngarep, rahang, lan wetengé kéwan kuwi kanggo imam.
 
 -