- 
	                        
            
            2 Babad 5:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
12 para penyanyi+ Lèwi sing sak kelompok karo Asaf,+ Héman,+ Yédutun,+ lan karo anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré, padha nggawa simbal, alat musik sing nganggo senar, lan harpa. Wong-wong kuwi nganggo klambi saka bahan alus lan ngadeg ing sisih wétan mézbah, bareng karo 120 imam sing nyebul trompèt.+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            2 Babad 7:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
6 Para imam ngadeg ing panggonan tugasé. Wong Lèwi sing padha nggawa alat musik kanggo ngiringi nyanyian kanggo Yéhuwah ya ngadeg ing kono.+ (Raja Daud nggawé alat-alat musik iki kanggo ngucap syukur marang Yéhuwah, ”merga katresnané* ana saklawasé,” yaiku wektu Daud mènèhi pujian bareng karo wong-wong kuwi.*) Para imam nyebul trompèt banter banget+ ing ngarepé wong-wong kuwi. Wektu kuwi, wong Israèl padha ngadeg.
 
 -