- 
	                        
            
            Pangentasan 18:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
21 Ning, kowé kudu milih wong-wong lanang sing trampil,+ wedi marang* Gusti Allah, isa dipercaya,+ lan ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur. Wong-wong kuwi kudu mbok wènèhi tugas dadi pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, lan pemimpiné wong sepuluh.+ 22 Wong-wong kuwi sing bakal dadi hakim kanggo wong Israèl nèk ana masalah. Masalah sing abot bakal mbok urusi,+ lan masalah sing ènthèng bèn diputuské wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi isa mbantu kowé bèn bebanmu ora abot.+
 
 -