- 
	                        
            
            Wilangan 22:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
5 Dhèwèké ngirim utusan marang Biléam anaké Béor ing Pétor+ negara asalé, sing ana ing cedhaké Kali Éfrat. Pesené yaiku, ”Ana bangsa sing metu saka Mesir. Wong-wong kuwi wis ngebaki tanah* iki.+ Wong-wong kuwi kémah ing ngarep wilayahku. 6 Mula, tulung mrénéa lan kutukana bangsa kuwi,+ merga wong-wong kuwi luwih kuwat timbang aku. Sapa ngerti aku isa ngalahké lan ngusir wong-wong kuwi saka tanah iki, merga aku ngerti tenan nèk wong sing mbok berkahi bakal diberkahi, lan wong sing mbok kutuk bakal dikutuk.”
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Wilangan 23:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
11 Terus Balak kandha marang Biléam, ”Maksudmu apa? Kowé tak kongkon mréné bèn ngutuki mungsuhku, ning kok malah mberkahi wong-wong kuwi.”+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Wilangan 24:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
10 Balak dadi nesu banget marang Biléam. Karo nesu, dhèwèké keplok-keplok lan kandha, ”Kowé tak kongkon mréné bèn ngutuki mungsuhku,+ ning kok kowé malah mberkahi wong-wong kuwi nganti ping telu.
 
 -