- 
	                        
            
            Yosua 12:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
2 Raja Sihon+ yaiku rajané wong Amori sing manggon ing Hésbon. Dhèwèké nguwasani Aroèr+ sing ana ing pinggiré Lembah Arnon.*+ Dhèwèké ya nguwasani tengah-tengahé lembah kuwi lan setengahé Giléad nganti tekan Lembah* Yabok, ing batas dhaérahé wong Ammon. 3 Dhèwèké ya nguwasani Araba sisih wétan, saka Laut Khinèrèt*+ nganti tekan Laut Araba, yaiku Laut Garam,* termasuk Bèt-yèsyimot nganti tekan ngisor lèrèng Pisga ing sisih kidul.+
 
 -