-
Wilangan 21:21-24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Terus wong Israèl ngutus wong nemoni Sihon, rajané wong Amori, kanggo nyampèkké pesen,+ 22 ”Tulung ijinké aku ngliwati tanahé njenengan. Aku ora bakal ngliwati ladhang utawa kebon angguré njenengan, lan aku ya ora bakal ngombé saka sumur-sumuré njenengan. Aku mung bakal mlaku ngliwati Dalan Raja* nganti aku metu saka wilayahé njenengan.”+ 23 Ning, Sihon ora ngéntukké wong Israèl ngliwati tanahé. Dhèwèké malah nglumpukké kabèh pasukané terus nyerang Israèl ing padhang belantara. Pas tekan Yahaz, pasukan kuwi perang nglawan Israèl.+ 24 Israèl ngalahké pasukan kuwi nganggo pedhang+ lan ngrebut tanahé,+ saka Arnon+ nganti tekan Yabok,+ ing cedhak wilayahé wong Ammon. Tapi, wilayah sing direbut mung nganti tekan Yazèr+ merga Yazèr kuwi perbatasan wilayahé wong Ammon.+
-
-
Pangandharing Torèt 2:32-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Wektu Sihon lan pasukané perang karo awaké dhéwé ing Yahaz,+ 33 Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé mènèhké Sihon marang awaké dhéwé bèn awaké dhéwé ngalahké dhèwèké, anak-anaké lanang, lan pasukané. 34 Wektu kuwi, awaké dhéwé ngrebut lan ngremuk kutha-kuthané, terus matèni wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah. Ora ana sing slamet.+
-