- 
	                        
            
            1 Samuèl 6:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
3 Para imam lan tukang ngramal kuwi njawab, ”Nèk kowé arep mbalèkké pethi perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, aja mbok balèkké ngono waé. Ning, kowé kudu mènèhké persembahan kesalahan.+ Mung nganggo cara kuwi kowé bakal mari. Kowé ya bakal ngerti apa sebabé Gusti Allah ngukum kowé.” 4 Wong Filistin takon, ”Persembahan kesalahan apa sing kudu tak wènèhké?” Para imam lan tukang ngramal kuwi njawab, ”Sesuai karo jumlah penguasané wong Filistin,+ wènèhna bénjolan ambèien saka emas lima lan tikus-tikusan emas lima merga kowé lan para penguasamu kena wabah sing padha.
 
 -