18 Daud mlayu lan lolos, terus dhèwèké marani Samuèl ing Rama.+ Daud ngandhani Samuèl kabèh sing wis ditindakké Saul marang dhèwèké. Terus, Daud lan Samuèl lunga lan manggon ing Nayot.+
22Mula Daud lunga saka kono.+ Dhèwèké mlayu menyang Guwa Adulam.+ Wektu sedulur-seduluré lan kabèh keluargané bapaké krungu soal kuwi, wong-wong kuwi marani Daud.
5 Terus, Nabi Gad+ kandha marang Daud, ”Aja manggon ing panggonanmu ndhelik kuwi. Lungaa saka kana menyang dhaérah Yéhuda.”+ Bar kuwi, Daud lunga lan mlebu ing hutan Hèrèt.