-
1 Para Raja 16:15-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Ing taun ke-27 pamréntahané Asa raja Yéhuda, Zimri dadi raja ing Tirza suwéné pitung dina. Wektu kuwi, para prajurit lagi kémah arep nyerang Gibéton,+ kuthané wong Filistin. 16 Pas para prajurit sing kémah kuwi krungu soal iki, wong-wong kuwi padha kandha, ”Zimri wis sekongkol lan matèni Raja.” Mula ing dina kuwi, ing perkémahan, kabèh wong Israèl ngangkat Omri,+ pemimpin pasukan kuwi, kanggo dadi raja Israèl. 17 Omri lan kabèh wong Israèl sing bareng dhèwèké lunga saka Gibéton lan ngepung Tirza. 18 Pas Zimri weruh nèk kutha kuwi wis direbut, dhèwèké mlebu ing menara sing ana bèntèngé ing istanané Raja, terus ngobong istana kuwi pas dhèwèké ya ana ing njero kono, lan Zimri mati.+ 19 Iki kelakon merga Zimri nindakké dosa. Dhèwèké nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah merga niru tumindaké Yéroboam, lan kuwi nyebabké Israèl nindakké dosa.+
-