- 
	                        
            
            1 Babad 25:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
25 Terus, Daud lan para pemimpin kelompok pelayanan misahké sebagéan anak-anaké lanang Asaf, Héman, lan Yédutun+ kanggo ngramal karo diiringi harpa, alat musik sing nganggo senar,+ lan simbal.+ Wong-wong sing ditugaské kanggo pelayanan iki yaiku: 2 saka anak-anaké lanang Asaf: Zakur, Yusuf, Nétania, lan Asyaréla. Wong-wong kuwi anak-anaké lanang Asaf sing dipimpin Asaf, yaiku wong sing ngramal manut pengaturan sing digawé Raja.
 
 -