- 
	                        
            
            1 Para Raja 13:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
2 Terus, abdiné Gusti Allah kuwi mbengok marang mézbah kaya sing dipréntahké Yéhuwah, ”Hé mézbah, mézbah! Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Anak lanang sing jenengé Yosia+ bakal lair saka keturunané Daud. Ing ndhuwurmu, dhèwèké bakal ngorbanké para imam sing ditugaské ing panggonan-panggonan dhuwur, yaiku wong-wong sing nggawé asap korban. Dhèwèké bakal ngobong balung-balungé manungsa ing ndhuwurmu.’”+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            2 Para Raja 23:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
16 Pas Yosia méngo lan ndelok kuburan-kuburan sing ana ing gunung, dhèwèké mènèhi préntah bèn balung-balung saka kuburan kuwi dijupuk lan diobong ing mézbah kuwi, supaya mézbahé dadi najis. Kuwi kelakon cocog karo omongané Yéhuwah sing diramalké liwat abdiné Gusti Allah sing bener.+
 
 -