- 
	                        
            
            1 Para Raja 14:25-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
25 Ing taun kelima pamréntahané Raja Réhoboam, Syisyak+ raja Mesir nyerang Yérusalèm.+ 26 Dhèwèké njarah harta ing omahé Yéhuwah lan ing istanané raja.+ Dhèwèké njupuk kabèh, termasuk kabèh tamèng emas sing digawé Salomo.+ 27 Mula, Raja Réhoboam nggawé tamèng-tamèng tembaga kanggo gantiné, lan kuwi kabèh dipasrahké marang para kepala penjaga,* sing njaga lawang istana. 28 Saben Raja teka ing omahé Yéhuwah, para penjaga bakal nggawa tamèng-tamèng kuwi, lan sakwisé kuwi bakal dibalèkké manèh ing panggonané para penjaga.
 
 -