-
2 Para Raja 12:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Dhuwit sing wis diétung mau bakal diwènèhké marang wong-wong sing ditugaské ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah. Terus, wong-wong kuwi nggunakké dhuwit mau kanggo mbayar tukang kayu lan tukang bangunan sing kerja ing omahé Yéhuwah,+ 12 tukang batu, lan tukang motong watu. Wong-wong kuwi ya tuku kayu-kayu lan watu sing wis dipotong kanggo ndandani bagéan sing rusak ing omahé Yéhuwah, lan nggunakké dhuwit mau kanggo mbayar keperluan liyané sing digunakké kanggo ndandani omah kuwi.
-
-
2 Babad 34:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Bar kuwi, wong-wong mau mènèhké dhuwit kuwi marang wong-wong sing ditugaské kanggo ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah. Terus, wong-wong sing kerja ing omahé Yéhuwah nggunakké dhuwit kuwi kanggo ndandani omah kuwi. 11 Wong-wong kuwi mènèhké dhuwit kuwi marang para pengrajin lan tukang bangunan kanggo tuku watu potongan lan kayu penyangga, lan kanggo masang balok ing omah-omah sing wis dijarké rusak+ karo raja-raja Yéhuda.
-