- 
	                        
            
            Yérémia 25:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
15 Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl marang aku: ”Jupuken gelas sing isiné anggur sing nglambangké rasa nesu-Ku iki. Terus, lungaa menyang bangsa ngendi waé kowé Tak utus, lan kongkonen bangsa-bangsa kuwi ngombé saka gelas iki.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Yérémia 25:28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
28 Nèk wong-wong kuwi ora gelem nampa lan ora gelem ngombé saka gelas sing mbok gawa, kandhaa marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Kowé kudu ngombé iki.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Yérémia 49:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
12 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Bangsa-bangsa sing ora Tak kongkon ngombé saka gelas sing nglambangké rasa nesu-Ku waé padha ngombé kuwi, mosok kowé babar blas ora Tak hukum? Kowé mesthi bakal dihukum, lan kuwi kudu mbok ombé.”+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Wahyu 14:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
9 Terus, malaékat ketelu teka lan ngomong nganggo swara banter, ”Wong sing nyembah kéwan buas kuwi+ lan patungé, lan wong sing nampa tandha ing bathuké utawa ing tangané+ 10 bakal ngombé anggur murni sing diesokké ing gelasé Gusti Allah sing nglambangké rasa nesuné.+ Wong-wong kuwi bakal dihukum nganggo geni lan belérang+ ing ngarepé para malaékat suci lan ing ngarepé Anak Domba.
 
 -