- 
	                        
            
            Pangandharing Torèt 1:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
16 ”Wektu kuwi aku ngandhani para hakim sing ana ing antaramu, ’Nèk ana wong sing nduwé masalah karo wong liya, terus dhèwèké marani kowé, kowé kudu adil+ wektu ngadili kasusé wong kuwi, embuh kuwi masalahé karo sing padha-padha wong Israèl utawa karo wong asing sing manggon karo kowé.+ 17 Aja pilih kasih wektu ngadili.+ Wong cilik utawa wong penting kudu padha-padha mbok rungokké.+ Aja wedi karo manungsa,+ merga kowé dadi wakilé Gusti Allah wektu ngadili.+ Nèk kasusé angèl banget, kowé isa nggawa kasus kuwi marang aku. Mengko kasus kuwi tak tangani.’+
 
 -