- 
	                        
            
            Pangentasan 23:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        5 Nèk kowé ndelok keledainé wong sing sengit karo kowé tiba merga kabotan beban, aja mbok ejarké waé terus lunga. Kowé kudu mbantu wong kuwi ngedhunké beban sing digawa keledainé.+ 
 
- 
                                        
- 
	                        
            
            2 Para Raja 6:21, 22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        21 Wektu raja Israèl ndelok wong-wong kuwi, dhèwèké takon marang Èlisa, ”Bapakku, apa wong-wong iki kudu tak patèni?” 22 Ning Èlisa njawab, ”Aja mbok patèni. Apa kowé matèni wong-wong sing dadi tawanan perang? Wènèhana wong-wong kuwi roti lan banyu supaya padha mangan lan ngombé,+ terus bali marang majikané.” 
 
- 
                                        
- 
	                        
            
            Wulang Bebasan 24:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        17 Aja seneng nèk mungsuhmu tiba, Lan aja nganti kowé ngrasa seneng wektu dhèwèké kesandhung.+ 
 
-