- 
	                        
            
            1 Samuèl 8:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
11 Samuèl kandha, ”Iki sing bakal dadi haké raja sing bakal mréntah kowé:+ Raja kuwi bakal njupuk anak-anakmu lanang.+ Anak-anakmu kuwi bakal ditugaské ing kréta perangé+ lan didadèkké pasukan sing numpak jaran.+ Ana sing bakal dikongkon mlayu ing ngarep kréta perangé. 12 Raja kuwi ya bakal milih para pemimpiné wong sèwu+ lan pemimpiné wong sèket.+ Ana sing bakal mbajak ladhangé,+ manèn hasilé,+ lan nggawé senjata perang lan perlengkapan krétané.+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            1 Para Raja 4:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
7 Salomo nduwé 12 pejabat dhaérah ing kabèh wilayah Israèl sing nyedhiakké panganan kanggo raja lan kabèh sing ana ing istana. Saben wong kudu nyedhiakké panganan kanggo sesasi saben taun.+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            2 Babad 26:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
9 Sakliyané kuwi, Uzzia mbangun menara-menara+ ing Yérusalèm ing cedhak Gerbang Sudut,+ cedhak Gerbang Lembah,+ lan cedhak Penyangga, lan kuwi kabèh dibèntèngi. 10 Dhèwèké ya mbangun menara-menara+ ing padhang belantara lan nggali* akèh sumur (merga ternaké akèh). Dhèwèké ya nindakké kuwi ing Syéféla lan dataran tinggi. Dhèwèké nduwé petani lan kebon anggur ing gunung-gunung lan ing Karmèl, merga dhèwèké seneng karo pertanian.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Kidung Agung 8:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
11 Salomo nduwé kebon anggur+ ing Baal-hamon.
Dhèwèké nyéwakké kebon anggur kuwi.
Saben wong kudu mbayar sèwu dhuwit pérak kanggo buahé.
 
 -