- 
	                        
            
            Pangentasan 17:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
5 Terus Yéhuwah kandha karo Musa, ”Gawanen tongkat sing mbok enggo nggebug Kali Nil,+ lan pilihen wong-wong saka antarané para pemimpiné* wong Israèl, terus mlakua karo wong-wong kuwi ing ngarepé wong Israèl. 6 Aku bakal ngadeg ing ngarepmu ing ndhuwuré watu ing Horèb. Gebugen watu kuwi, lan bakal ana banyu sing metu saka kono. Wong Israèl bakal ngombé banyu kuwi.”+ Musa nindakké kuwi ing ngarepé para pemimpiné Israèl.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Wilangan 20:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
11 Terus, Musa ngangkat tangané lan nggebug tebing watu mau nganggo tongkaté ping loro. Bar kuwi, banyuné metu akèh banget, terus kabèh wong kuwi lan ternaké padha ngombé.+
 
 -