- 
	                        
            
            2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Yèhèzkièl 9:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
9 Mula Dhèwèké kandha marang aku, ”Kesalahané wong Israèl lan Yéhuda kuwi gedhé, gedhé banget.+ Ing tanah iki, akèh banget sing dipatèni,+ lan ing kutha iki ya akèh banget sing tumindaké bejat.+ Wong-wong padha kandha, ’Yéhuwah wis ninggalké tanah iki. Yéhuwah ora bakal ngerti.’+ 10 Aku ora bakal ngrasa mesakké, lan Aku ya ora bakal perduli karo bangsa kuwi.+ Aku bakal mbales bangsa kuwi sesuai karo kelakuané.”
 
 -