- 
	                        
            
            Yérémia 43:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
10 Ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ”Aku ngundang* abdi-Ku Nébukhadnézar* raja Babilon.+ Aku bakal ndèlèhké takhtané ing ndhuwuré watu-watu sing Tak dhelikké iki, lan dhèwèké bakal ngedegké kémah kerajaané ing ndhuwuré.+ 11 Dhèwèké bakal teka lan nyerang Mesir.+ Ana sing bakal kena wabah penyakit sing parah, ana sing bakal ditawan, lan ana sing bakal dipatèni nganggo pedhang.+
 
 -