- 
	                        
            
            2 Para Raja 3:24, 25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
24 Wektu wong Moab tekan ing perkémahan Israèl, pasukan Israèl maju lan nyerang wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi padha mlayu.+ Pasukan Israèl maju nganti tekan Moab karo matèni wong-wong kuwi. 25 Pasukan Israèl ngambrukké kutha-kuthané wong Moab, lan saben prajurit nguncalké watu ing saben ladhang sing subur nganti ladhang kuwi kebak watu. Pasukan Israèl ya ngurug saben mata air+ lan negor saben wit sing apik.+ Akhiré, mung gari témbok watu ing kutha Kir-harèsèt+ sing isih ngadeg. Para prajurit sing nggawa bandhil* ngepung lan ngremuk kutha kuwi.
 
 -