- 
	                        
            
            Yérémia 27:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
12 Aku ya kandha ngono marang Zédékia+ raja Yéhuda, ”Kowé kudu manut raja Babilon.* Kowé ya kudu nglayani dhèwèké lan rakyaté bèn kowé tetep urip.+ 13 Yéhuwah wis kandha nèk bangsa sing ora gelem nglayani raja Babilon bakal mati merga kelaparan,+ wabah penyakit,+ lan pedhang.+ Apa kowé lan rakyatmu gelem mati nganggo cara kaya ngono?
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Yérémia 38:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
17 Terus Yérémia kandha marang Zédékia, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl: ’Nèk kowé nyerah marang para pejabaté raja Babilon, kowé bakal slamet lan kutha iki ora bakal diobong nganti entèk. Kowé lan keluargamu bakal slamet.+
 
 -