- 
	                        
            
            Wahyu 22:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
22 Terus, malaékat kuwi nduduhké marang aku kali sing banyuné isa marakké urip.+ Banyu ing kali kuwi bening kaya kristal, lan kali kuwi mili saka takhtané Gusti Allah lan takhtané Anak Domba.+ 2 Kali kuwi mili menyang tengah-tengahé dalan utama ing kutha kuwi. Ing sekitaré kali kuwi, ana wit-wit kehidupan sing ngetokké buah setaun ping 12, saben sasi sepisan. Godhong-godhongé isa digunakké kanggo nambani bangsa-bangsa.+
 
 -