- 
	                        
            
            2 Babad 30:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        8 Aja ndableg kaya nènèk moyangmu.+ Manuta marang Yéhuwah, maraa menyang panggonan suciné,+ yaiku panggonan sing wis Dhèwèké sucèkké kanggo saklawasé, lan ngabdia marang Yéhuwah Gusti Allahmu, supaya Gusti Allah ora nesu manèh karo kowé.+ 9 Nèk kowé mertobat marang Yéhuwah, wong-wong sing nawan sedulur-sedulurmu lan anak-anakmu bakal mesakké karo kowé lan bakal ngéntukké sedulurmu+ lan anakmu bali ing tanah iki,+ merga Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi apikan* lan gampang mesakké.+ Dhèwèké ora bakal ninggalké kowé nèk kowé mertobat marang Dhèwèké.”+ 
 
- 
                                        
- 
	                        
            
            Zéfanya 2:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        2 Sakdurungé keputusané Gusti Allah ditindakké, Sakdurungé telat merga wektuné cepet banget kaya jerami sing kabur kena angin, Sakdurungé Yéhuwah nesu banget marang kowé,+ Sakdurungé teka wektuné Yéhuwah nesu marang kowé, 3 Golèka tuntunané Yéhuwah,+ kowé wong-wong sing rendah hati ing bumi, Sing nindakké Hukumé sing bener. Ngupayaa nindakké apa sing bener, lan duduhna sifat rendah hati. Mungkin kowé bakal dilindhungi pas Yéhuwah nesu.+ 
 
-