-
Wilangan 11:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Terus, Musa kandha marang Yéhuwah, ”Ngapa kok Njenengan nggawé abdi-Mu iki susah? Apa salahku kok Njenengan nganti ora seneng karo aku? Ngapa kok Njenengan ngongkon aku nggawa bangsa iki mréné?+
-
-
Wilangan 11:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Nèk tumindaké Njenengan kaya ngéné terus marang aku, patènana waé aku saiki.+ Nèk Njenengan mesakké aku, tulung aja nggawé aku luwih susah manèh.”
-
-
1 Para Raja 19:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Izebèl ngirim utusan marang Èlia lan kandha, ”Sésuk, ing wektu kaya ngéné iki, aku bakal nggawé kowé dadi kaya nabi-nabi kuwi! Nèk ora, bèn waé allah-allahku mènèhi aku hukuman sing abot.”
-
-
1 Para Raja 19:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Dhèwèké mlaku menyang padhang belantara suwéné sedina, terus lungguh ing ngisor wit perdu lan njaluk mati waé. Dhèwèké kandha, ”Wis cukup! Oh Yéhuwah, jupuken waé nyawaku!+ Aku ora luwih apik timbang nènèk moyangku.”
-
-
Ayub 6:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Muga-muga sing tak jaluk isa kelakon,
Lan Gusti Allah nuruti kepénginanku.
9 Muga-muga Gusti Allah gelem ngremuk aku
Lan gelem matèni aku.+
-