48 Rungokna, hé keturunané Yakub,
Sing nyebut awakmu dhéwé nganggo jeneng Israèl+
Lan sing asalé saka keturunané Yéhuda.
Kowé nggawé sumpah nganggo jeneng Yéhuwah+
Lan njaluk tulung marang Gusti Allahé Israèl,
Senajan kowé ora tulus lan ora nindakké apa sing bener.+
2 Kowé ngaku-ngaku dadi penduduké kutha sing suci+
Lan njaluk bantuané Gusti Allahé Israèl+
Sing jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan.