-
2 Babad 33:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Bar kuwi, dhèwèké mbangun témbok njaba kanggo Kutha Daud+ ing sisih kulon Gihon,+ sing ana ing lembah.* Témboké dhuwur banget. Dhèwèké mbangun témbok kuwi nganti tekan Gerbang Iwak.+ Saka kana, témboké ngubengi kutha nganti tekan Ofèl.+ Terus, dhèwèké nugasi para pemimpin pasukan ing kabèh kutha sing ana bèntèngé ing Yéhuda.
-
-
Néhémia 12:38, 39Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Kelompok paduan suara sijiné sing nyanyèkké nyanyian ucapan syukur mlaku ngiwa, lan aku ngetutké kelompok kuwi bareng karo sebagéan wong liyané ing ndhuwur témbok ngliwati Menara Pemanggang+ nganti tekan Témbok Amba,+ 39 terus aku munggah ngliwati Gerbang Éfraim+ tekan Gerbang Kota Tua,+ Gerbang Iwak,+ Menara Hananèl,+ Menara Méa, lan terus tekan Gerbang Domba.+ Bar kuwi, aku mandheg ing Gerbang Penjaga.
-