16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
52 Apa ana nabi sing ora dianiaya karo nènèk moyangmu?+ Nènèk moyangmu matèni wong-wong sing ngumumké ramalan soal tekané wong sing bener,+ yaiku wong sing saiki wis mbok khianati lan mbok patèni.+
32 Apa aku perlu nyritakké conto sing liyané? Wektuné ora cukup nèk aku crita soal Gidéon,+ Barak,+ Simson,+ Yéfta,+ Daud,+ Samuèl,+ lan nabi-nabi liyané.
37 Wong-wong kuwi imané diuji, dibandhemi* watu nganti mati,+ dipotong-potong nganggo graji, dipatèni nganggo pedhang,+ mung nganggo klambi saka kulit domba lan kulit kambing,+ ngalami kekurangan, sengsara,+ lan dianiaya.+