-
Markus 1:29-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Sakwisé ninggalké sinagogé,* Yésus, Yakobus, lan Yohanes lunga bareng karo Simon lan Andréas menyang omahé Simon lan Andréas.+ 30 Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon+ turon ing ambèn lan lagi demam. Mula, wong-wong kuwi langsung ngandhani Yésus. 31 Yésus marani wong wédok kuwi, ndemèk tangané, lan nangèkké wong wédok kuwi. Terus, wong wédok kuwi mari lan mulai ngladèni Yésus lan murid-muridé.
32 Pas bengi, sakwisé matahari terbenam, akèh wong sing lara lan kesurupan roh jahat+ digawa marang Yésus. 33 Wong sak kutha nglumpuk ing ngarep lawang. 34 Mula, Yésus marèkké akèh wong sing penyakité macem-macem+ lan ngusir akèh roh jahat. Ning, Yésus nglarang roh-roh kuwi ngomong soal dhèwèké, merga roh-roh kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.*
-
-
Lukas 4:38-41Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Saka sinagogé kuwi, Yésus lunga ing omahé Simon. Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon lagi demam, lan panasé dhuwur banget. Mula, wong-wong njaluk bèn Yésus nulungi ibu maratuwané Simon.+ 39 Terus, Yésus ngadeg ing sebelahé wong wédok kuwi lan marèkké larané. Wong wédok kuwi mari lan langsung tangi, terus dhèwèké ngladèni wong-wong kuwi.
40 Wektu matahari wis terbenam, kabèh wong nggawa wong lara sing ana ing omahé marang Yésus, ora soal apa penyakité. Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong-wong kuwi siji-siji bèn wong-wong kuwi mari.+ 41 Yésus ya ngusir roh-roh jahat saka wong akèh. Roh-roh jahat kuwi mbengok, ”Kowé kuwi anaké Gusti Allah.”+ Ning, Yésus nggetak lan nglarang roh-roh jahat kuwi ngomong soal dhèwèké,+ merga roh-roh jahat kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.+
-