-
Markus 5:38-43Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Wektu tekan omahé Yairus, Yésus ndelok ing kono wis ramé banget, lan wong-wong lagi nangis banter banget.+ 39 Sakwisé mlebu omah, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Ngapa kok kowé nangis lan padha ramé-ramé ing kéné? Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ 40 Yésus malah diguyu karo wong-wong. Terus, Yésus ngongkon wong-wong kuwi metu. Bar kuwi, Yésus ngejak murid-muridé sing mèlu dhèwèké lan wong tuwané cah wédok kuwi mlebu ing panggonané cah wédok kuwi diturokké. 41 Yésus nyekel tangané cah wédok kuwi lan kandha, ”Talita kumi,” sing nèk diterjemahké artiné: ”Ndhuk, kowé tak kandhani, tangia.”+ 42 Cah wédok kuwi langsung tangi lan mlaku. (Umuré 12 taun.) Kuwi nggawé wong tuwané seneng banget. 43 Ning, Yésus bola-bali ngandhani* wong-wong kuwi bèn ora nyritakké kuwi karo wong liya.+ Yésus ya ngongkon bèn cah wédok kuwi diwènèhi mangan.
-
-
Lukas 8:52-56Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
52 Akèh wong lagi nangis lan nggebugi dhadhané merga sedhih. Terus Yésus kandha, ”Aja nangis.+ Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ 53 Yésus diguyu karo wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi ngerti nèk bocah wédok mau wis mati. 54 Terus, Yésus nyekel tangané bocah wédok kuwi lan kandha, ”Tangia, Ndhuk.”+ 55 Bocah kuwi urip manèh+ lan langsung tangi.+ Terus, Yésus ngongkon supaya bocah kuwi diwènèhi mangan. 56 Wong tuwané seneng banget. Ning, Yésus nglarang wong loro kuwi crita karo sapa-sapa soal apa sing wis kelakon kuwi.+
-