18 Benih liyané tiba ing antarané suket eri. Iki maksudé wong-wong sing ngrungokké berita kuwi,+19 ning berita kuwi ora ngasilké buah merga rasa kuwatir+ ing urip,* kekayaan sing nggawé wong-wong kapusan,+ lan kepénginan+ liyané mlebu ing atiné lan njiret berita kuwi.
23 Bar ndelok wong-wong sing ana ing kono, Yésus ngandhani murid-muridé, ”Pancèn angèl banget kanggo wong-wong sing dhuwité akèh nèk arep mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.”+
14 Benih sing tiba ing antarané suket eri kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké omongan kuwi, ning rasa kuwatir, kekayaan,+ lan kesenengan ing urip nggawé wong-wong kuwi ora fokus.+ Dadi, omongan kuwi bener-bener kejiret lan babar blas ora ngasilké buah sing apik.+
9 Ning, wong sing péngin banget dadi sugih bakal kegodha, kena jerat, lan kejebak+ karo akèh kepénginan sing ora ana gunané lan nggawé rugi. Kuwi nggawé wong-wong kuwi sengsara lan mati.+