-
Matius 23:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong Farisi. Kowé kuwi munafik.+ Kowé lunga adoh nganti nyabrang laut lan lunga ing endi-endi bèn isa nggawé wong siji mlebu agamamu. Ning, sakwisé wong kuwi mlebu agamamu, wong kuwi malah mbok gawé luwih jahat timbang kowé nganti dhèwèké pantes dihukum ing Géhéna.*
16 ”Cilaka kowé, penuntun-penuntun wuta.+ Kowé ngomong, ’Nèk ana wong sumpah demi bait, sumpahé kuwi ora ana artiné. Ning, nèk wong sumpah demi emas sing ana ing bait, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.’+
-