-
Markus 10:35-40Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus,+ marani Yésus lan kandha, ”Guru, tulung turutana apa sing arep tak jaluk iki.”+ 36 Yésus takon, ”Kowé arep njaluk apa?” 37 Wong loro kuwi njawab, ”Nèk éntuk, aku lan sedulurku péngin lungguh ing sisih tengen lan kiwamu ing Kerajaanmu.”*+ 38 Yésus ngomong karo wong loro kuwi, ”Kowé ora ngerti lagi njaluk apa. Apa kowé isa ngombé saka gelas sing tak ombé? Apa kowé siap dibaptis nganggo baptisan sing tak lakoni?”+ 39 Wong loro kuwi njawab, ”Isa.” Yésus kandha, ”Pancèn kowé bakal ngombé saka gelas sing tak ombé, lan kowé bakal dibaptis nganggo baptisan sing tak lakoni.+ 40 Ning, aku ora nduwé wewenang kanggo nentokké soal sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku. Wong-wong sing lungguh ing kono wis ditentokké Bapakku.”
-