PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Danièl 9:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 ”Mésias* bakal nggawé perjanjian kuwi berlaku seminggu suwéné bèn isa mènèhi manfaat kanggo akèh wong. Ing pertengahan minggu kuwi, dhèwèké bakal ngendhegké korban lan persembahan.+

      ”Wong sing nyebabké kehancuran bakal teka bareng karo* perkara-perkara sing njijiki.+ Apa sing wis diputuské Gusti Allah bakal dialami kutha sing ditelantarké* kuwi nganti kabèh bener-bener hancur.”

  • Danièl 11:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Pasukan-pasukané* bakal mangkat, terus nggawé panggonan suci+ lan bèntèng dadi najis. Pasukan-pasukan kuwi ya ngendhegké persembahan sing diwènèhké saben dina.+

      ”Pasukan-pasukan kuwi bakal ndèlèhké perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran.+

  • Danièl 12:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 ”Kèt persembahan sing diwènèhké+ saben dina kuwi diendhegké lan perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran kuwi didèlèhké,+ bakal ana 1.290 dina.

  • Markus 13:14-18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 ”Wektu kowé ndelok ana perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran+ ngadeg ing panggonan sing ora sak mesthiné (sing maca kudu bener-bener paham soal iki), wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan.+ 15 Wong sing ana ing ndhuwur omah* aja mudhun utawa mlebu omahé kanggo njupuk apa waé sing ana ing omahé. 16 Wong sing lagi kerja ing ladhang aja bali njupuk klambi njabané. 17 Cilaka tenan wong wédok sing meteng lan sing isih nyusoni bayi wektu kuwi.+ 18 Kowé kudu terus ndonga bèn kuwi ora kelakon pas musim dingin,

  • Lukas 21:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 ”Mula, wektu kowé ndelok ana akèh tentara sing ngepung Yérusalèm,+ kuwi berarti ora suwé manèh Yérusalèm bakal disingkirké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim