PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 14:3-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Pas Yésus lagi mangan ing Bétani, ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta, ana wong wédok sing marani Yésus karo nggawa botol saka watu* isiné minyak wangi, yaiku minyak narwastu* murni sing larang banget. Wong wédok kuwi mbukak botolé, terus minyak kuwi diesokké alon-alon ing sirahé Yésus.+ 4 Wektu ndelok kuwi, ana murid-murid sing nesu lan kandha karo liyané, ”Ngapa kok minyak wangi kuwi dibuwang-buwang? 5 Nèk diedol, minyak wangi kuwi kan isa payu luwih saka 300 dinar.* Terus, dhuwité isa diwènèhké wong mlarat.” Wong-wong kuwi jèngkèl banget karo* wong wédok mau. 6 Ning Yésus kandha, ”Mbok wis bèn. Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono soal dhèwèké? Dhèwèké wis apikan karo aku.+ 7 Wong mlarat mesthi bakal terus ana karo kowé,+ lan kowé isa nulungi wong-wong kuwi kapan waé. Ning, aku ora bakal terus ana karo kowé.+ 8 Wong wédok kuwi nindakké apa sing isa dhèwèké tindakké. Dhèwèké ngesokké minyak wangi ing awakku iki kanggo nyiapké penguburanku.+ 9 Percayaa, ing endi waé kabar apik diumumké ing bumi,+ sing ditindakké wong wédok iki ya bakal dicritakké kanggo ngéling-éling dhèwèké.”+

  • Yohanes 12:1-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Enem dina sakdurungé Perayaan Paskah, Yésus teka ing Bétani. Bétani kuwi panggonané Lazarus,+ yaiku wong sing mauné mati tapi wis diuripké manèh karo Yésus. 2 Terus, Yésus diundang mangan ing kono. Wektu kuwi, Marta sing nyiapké panganan,+ tapi Lazarus lan wong-wong liyané mangan bareng karo Yésus. 3 Bar kuwi, Maria njupuk minyak wangi kira-kira setengah liter,* yaiku minyak narwastu* murni sing larang banget. Dhèwèké ngesokké minyak kuwi ing sikilé Yésus lan ngusapi sikilé Yésus nganti garing nganggo rambuté. Sak omah ambuné dadi wangi kabèh merga minyak kuwi.+ 4 Ning, Yudas Iskariot,+ yaiku salah siji murid sing bakal ngianati Yésus, kandha, 5 ”Ngapa kok minyak wangi iki ora diedol waé 300 dinar,* terus dhuwité isa diwènèhké wong mlarat?” 6 Yudas ngomong kaya ngono ora merga dhèwèké mikirké wong mlarat, ning merga dhèwèké kuwi maling. Yudas kuwi wong sing ngurusi kothak dhuwité murid-murid lan kerep nyolong dhuwit saka kothak kuwi. 7 Terus, Yésus kandha, ”Mbok wis bèn. Dhèwèké nindakké iki kanggo nyiapké penguburanku.+ 8 Wong mlarat mesthi bakal terus ana karo kowé,+ ning aku ora bakal terus ana karo kowé.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim