-
Markus 14:12-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Pas dina pertama Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ yaiku wektu wong-wong biasané padha mènèhké korban Paskah,+ murid-murid nakoni Yésus, ”Njenengan péngin aku nyiapké Paskah ing endi?”+ 13 Terus, Yésus ngongkon muridé loro, ”Mlebua kutha Yérusalèm. Ing kana, kowé bakal ketemu karo wong lanang sing nggawa genthong wadhah banyu. Etutna wong kuwi.+ 14 Nèk dhèwèké mlebu ing salah siji omah, ngomonga karo sing nduwé omah kuwi, ’Guru kandha, ”Ruangan endi sing isa tak enggo ngrayakké Paskah karo murid-muridku?”’ 15 Wong kuwi bakal nduduhké ruangan gedhé ing lantai ndhuwur sing wis disiapké kanggo awaké dhéwé. Siapna panganan ing kono bèn awaké dhéwé isa ngrayakké Paskah.” 16 Mula, murid-murid kuwi mangkat. Pas mlebu ing kutha, murid-murid kuwi ndelok nèk kabèh kelakon kaya sing diomongké Yésus. Terus, murid-murid nyiapké Paskah.
-
-
Lukas 22:7-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Saiki Perayaan Roti Tanpa Ragi, yaiku wektu wong-wong biasané mènèhké korban Paskah.+ 8 Yésus ngutus Pétrus lan Yohanes. Yésus ngomong ngéné, ”Lungaa, lan siapna panganan bèn awaké dhéwé isa ngrayakké Paskah.”+ 9 Murid loro kuwi takon, ”Njenengan péngin aku nyiapké Paskah ing endi?” 10 Yésus njawab, ”Pas kowé mlebu kutha Yérusalèm, kowé bakal ketemu karo wong lanang sing nggawa genthong wadhah banyu. Etutna wong kuwi nganti dhèwèké mlebu ing salah siji omah.+ 11 Terus, ngomonga karo sing nduwé omah, ’Guru ngomong karo kowé, ”Ruangan endi sing isa tak enggo ngrayakké Paskah bareng karo murid-muridku?”’ 12 Wong kuwi bakal nduduhké ruangan gedhé ing lantai ndhuwur sing wis disiapké kanggo awaké dhéwé. Siapna Paskah ing kono.” 13 Mula, murid loro kuwi mangkat, lan kabèh kelakon kaya sing diomongké Yésus. Terus, murid-murid nyiapké Paskah.
-