PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 14:43-47
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 43 Wektu Yésus isih ngomong, Yudas, salah siji saka rasul 12, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong kuwi dikongkon para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin.*+ 44 Wong sing ngianati kuwi wis mènèhi tandha. Dhèwèké kandha, ”Wong sing tak ambung, ya kuwi wongé. Cekelen, lan gawanen wong kuwi. Aja nganti dhèwèké mlayu.” 45 Dhèwèké langsung marani Yésus lan kandha, ”Guru.”* Terus, Yudas ngambung Yésus. 46 Bar kuwi, wong-wong kuwi nangkep Yésus. 47 Ning, salah siji wong sing ngadeg ing kono ngetokké pedhangé, terus nyerang budhaké imam agung lan nyabet kupingé budhak kuwi nganti pothol.+

  • Lukas 22:47-51
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 47 Wektu Yésus isih ngomong, sak grombolan wong teka. Grombolan wong kuwi dipimpin Yudas, salah siji saka rasul 12. Yudas marani Yésus arep ngambung dhèwèké.+ 48 Ning, Yésus ngomong karo Yudas, ”Yudas, apa kowé ngambung aku kanggo ngianati Anaké manungsa?” 49 Wektu ngerti apa sing bakal kelakon, murid-murid sing ana ing cedhaké Yésus kandha, ”Gusti, wong-wong kuwi tak serang nganggo pedhang ya?” 50 Salah siji murid nyerang budhaké imam agung nganggo pedhang lan nyabet kupingé tengen budhak kuwi nganti pothol.+ 51 Ning Yésus kandha, ”Wis cukup.” Terus, kupingé wong kuwi didemèk lan dimarèkké Yésus.

  • Yohanes 18:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Terus, Yudas mrono karo ngejak para prajurit lan petugas kongkonané para imam kepala lan wong Farisi. Wong-wong kuwi teka karo nggawa obor, lampu minyak, lan senjata.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim