PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 14:66-72
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 66 Wektu Pétrus ana ing halaman, ana pembantuné wédok imam agung sing mara.+ 67 Pas ndelok Pétrus ing cedhak geni, wong wédok kuwi ngamati Pétrus, terus kandha, ”Kowé kan ya kancané Yésus wong Nazarèt kuwi, ta?” 68 Ning, Pétrus ora ngaku. Pétrus kandha, ”Aku ora kenal dhèwèké. Kowé kuwi ngawur.” Bar kuwi, Pétrus metu menyang gerbang. 69 Ing kono, pembantu wédok kuwi ndelok Pétrus manèh lan ngandhani wong-wong sing ana ing kono, ”Wong iki salah siji muridé.” 70 Pétrus ora ngaku manèh. Ora let suwé, wong-wong sing ana ing kono ngomong manèh karo Pétrus, ”Kowé mesthi salah siji muridé, ta? Kowé kan wong Galiléa.” 71 Ning, Pétrus ora ngaku.* Dhèwèké sumpah, ”Aku ora kenal karo wong sing mbok omongké kuwi.” 72 Wektu kuwi, pitik jago langsung kluruk ping loro.+ Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk ping loro, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ Pétrus dadi sedhih banget lan nangis.

  • Lukas 22:54-62
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 54 Terus, wong-wong kuwi nangkep lan nggawa Yésus+ ing omahé imam agung. Ning, Pétrus ngetutké saka kadohan.+ 55 Ing tengah halaman omah kuwi, wong-wong nyumet geni lan lungguh ing sekitaré. Pétrus ya lungguh bareng karo wong-wong kuwi.+ 56 Tapi, ana pembantu wédok ndelok Pétrus lungguh ing cedhak geni. Dhèwèké ngamati Pétrus lan kandha, ”Wong iki kancané wong kuwi.” 57 Ning, Pétrus ora ngaku. Pétrus kandha, ”Dudu. Aku ora kenal dhèwèké.” 58 Ora let suwé, wong liya ya ndelok Pétrus lan kandha, ”Kowé kuwi kan salah siji muridé.” Ning Pétrus kandha, ”Dudu.”+ 59 Kira-kira let sak jam, ana wong liyané manèh sing ngomong, ”Wong iki mesthi kancané. Dhèwèké kan wong Galiléa.” 60 Ning Pétrus kandha, ”Dudu. Kowé kuwi ngawur.” Pas Pétrus isih ngomong, pitik jago langsung kluruk. 61 Wektu kuwi, Gusti Yésus langsung méngo lan ndeloki Pétrus. Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk dina iki, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ 62 Terus, Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.

  • Yohanes 18:15-17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Wektu kuwi, Simon Pétrus lan salah siji murid liyané ngetutké Yésus.+ Merga murid kuwi kenalané imam agung, mula dhèwèké isa mlebu ing halaman omahé imam agung. 16 Ning, Pétrus ngentèni ing njaba gerbang. Terus, murid kenalané imam agung mau metu, ngomong karo sing njaga gerbang, lan Pétrus dijak mlebu. 17 Pembantu wédok sing njaga gerbang kuwi ngomong karo Pétrus, ”Kowé kan salah siji muridé wong kuwi, ta?” Pétrus njawab, ”Dudu.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim