21 Mulai wektu kuwi, Yésus njelaské marang murid-muridé nèk dhèwèké kudu lunga ing Yérusalèm lan dianiaya para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni, lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.+
22 Wektu Yésus lan murid-muridé lagi ngumpul ing Galiléa, Yésus kandha, ”Anaké manungsa bakal dikhianati, diserahké marang manungsa,+23 lan dipatèni. Tapi ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+ Murid-murid dadi sedhih banget.
3 Aku nampa ajaran sing paling penting, lan kuwi wis tak omongké marang kowé, yaiku nèk Kristus wis mati kanggo nebus dosané awaké dhéwé kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci.+4 Dhèwèké dikubur,+ lan ing dina ketelu+ dhèwèké diuripké manèh+ kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci.+