PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 14:3-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Hérodès* ngomong ngono merga sakdurungé Hérodès wis nangkep Yohanes Pembaptis. Hérodès ngranté lan nglebokké Yohanes ing penjara merga Hérodias. Mbiyèn, Hérodias kuwi bojoné Filipus, kakangé Hérodès.+ 4 Yohanes wis ping bola-bali ngélikké Hérodès, ”Njenengan nglanggar hukum nèk nikah karo dhèwèké.”+ 5 Mula, Hérodès péngin matèni Yohanes, ning dhèwèké wedi karo wong-wong merga wong-wong nganggep Yohanes kuwi nabi.+

  • Markus 6:17-20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Hérodès ngomong ngono merga sakdurungé Hérodès wis nangkep Yohanes Pembaptis. Hérodès ngranté lan nglebokké Yohanes ing penjara merga péngin nyenengké Hérodias. Hérodias kuwi bojoné Filipus kakangé Hérodès. Merga Hérodès nikah karo Hérodias,+ 18 Yohanes bola-bali ngomong karo Hérodès, ”Kowé ora éntuk nikah karo bojoné kakangmu.”+ 19 Hérodias dadi dendam karo Yohanes lan péngin matèni dhèwèké, ning ora isa 20 merga Hérodès nglindhungi Yohanes. Hérodès wedi karo Yohanes merga ngerti nèk Yohanes kuwi wong sing bener lan suci.+ Hérodès ya seneng ngrungokké Yohanes. Mula saben ngrungokké omongané Yohanes, Hérodès dadi bingung arep ngapakké Yohanes.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim