PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 13:3-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Terus, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi nggunakké perumpamaan.+ Yésus kandha, ”Ana petani sing nyebar benih.+ 4 Wektu benih kuwi disebar, ana sing tiba ing pinggir dalan, terus manuk-manuk teka lan notholi nganti entèk.+ 5 Benih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Benih kuwi langsung thukul merga lemahé ora jero.+ 6 Ning, pas kena panasé matahari, benih sing thukul kuwi dadi garing lan layu merga akaré ora jero. 7 Ana manèh benih sing tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé lan njiret benih kuwi.+ 8 Terus, ana benih sing tiba ing lemah sing subur, lan benih kuwi ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 100, ping 60, lan ping 30.+ 9 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+

  • Markus 4:3-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 ”Rungokna. Ana petani sing nyebar benih.+ 4 Wektu benih kuwi disebar, ana sing tiba ing pinggir dalan, terus manuk-manuk teka lan notholi nganti entèk. 5 Benih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné. Benih kuwi langsung thukul merga lemahé ora jero.+ 6 Ning, pas kena panasé matahari, benih sing thukul kuwi dadi garing lan layu merga akaré ora jero. 7 Benih liyané tiba ing antarané suket eri. Suket kuwi saya gedhé lan njiret benih kuwi nganti benih kuwi ora isa ngasilké buah.+ 8 Ning, ana benih sing tiba ing lemah sing subur. Terus, benih kuwi thukul, dadi saya gedhé, lan ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 30, ping 60, lan ping 100.”+ 9 Yésus kandha manèh, ”Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”+

  • Lukas 8:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Benih sing tiba ing pinggir dalan kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké omongané Gusti Allah. Ning bar kuwi, Iblis teka lan ngrampas omongan kuwi saka njero atiné bèn wong-wong kuwi dadi ora percaya lan ora dislametké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim