-
Matius 6:25-30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 ”Mula, aku ngandhani kowé: Aja kuwatir manèh+ soal uripmu, yaiku apa sing arep mbok pangan utawa apa sing arep mbok ombé, utawa soal badanmu, yaiku apa sing arep mbok enggo.+ Urip kuwi kan luwih berharga timbang panganan lan pakaian, ta?+ 26 Coba deloken manuk-manuk ing langit.+ Manuk-manuk kuwi ora nyebar benih, ora manèn, lan ora nyimpen panganan. Ning, Bapakmu ing swarga makani manuk-manuk kuwi. Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk kuwi, ta? 27 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?*+ 28 Ngapa kok kowé kuwatir soal pakaian? Gatèkna kaé kembang lili sing thukul ing ladhang. Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé lan ora njait. 29 Ning, kowé tak kandhani, senajan Salomo sugih banget,+ kembang-kembang kuwi tetep luwih apik timbang pakaiané Salomo. 30 Nèk tanduran ing ladhang sing sésuk diobong waé diwènèhi pakaian sing apik karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Gusti Allah mesthi bakal mènèhi kowé pakaian, hé kowé sing imané cilik.
-