5 Wong wuta isa ndelok,+ wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta+ dimarèkké, wong budheg isa krungu, wong mati diuripké manèh, lan wong mlarat dikandhani kabar apik.+
2 Pas bengi-bengi,+ dhèwèké marani Yésus lan kandha, ”Guru,*+ aku ngerti nèk njenengan kuwi guru sing diutus Gusti Allah. Ora ana wong sing isa nggawé mukjijat*+ kaya njenengan, kecuali dhèwèké diwènèhi kuwasa saka Gusti Allah.”+
31 Senajan ngono, ana akèh wong sing percaya karo Yésus.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Kristus bakal nduduhké akèh mukjijat wektu dhèwèké teka. Kan kuwi sing lagi ditindakké karo wong iki, ta?”
25 Yésus njawab, ”Kowé wis tak kandhani, ning kowé ora percaya. Gawéan sing tak tindakké nganggo jenengé Bapakku, kuwi sing mènèhi kesaksian soal aku.+