4 Gusti Allah mènèhi kowé warisan sing ora isa ilang, sing ora najis lan ora bakal rusak.+ Warisan kuwi disimpen ing swarga kanggo kowé.+ 5 Kowé dilindhungi kuwasané Gusti Allah merga kowé nduwé iman. Gusti Allah nglindhungi kowé supaya kowé dislametké. Kuwi bakal kelakon ing akhir jaman.